Kaserat Dening: Al-Fakir Ma'ruf Ihsan El-Jugjawy
Khutbah ke-1
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun Allah:
Khutbah ke-1
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ. اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ
اللهُ اَكْبَرْ. اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ ولله الحمد
إِنَّ
الْحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِهِ مِنْ
شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ
مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ اَ إِلَهَ
إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ , أَمَّا بَعْدُ : فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ
وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ
تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rohimakumullah.
Minangka
purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem
Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical-wical,
langkung-langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga
enjang punika kita tasih saget menangi malih dinten riyaya Iedul Adha, lan
saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal
punapa.
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun Allah:
إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا
وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang
pada agawe becik” . (QS. An Nahl
:128).
اللهُ اَكْبَرْ... اللهُ اَكْبَرْ اللهُ... اَكْبَرْ و لله الحمد
Jama'ah shalat
Idhul Adha ingkang minulyo.
Wekdal puniko kita taksih wonten ing nuansa
bulan zhulhijah inggih nuansa wulan riyaya haji, sakwetawis monggo kita mendet
ibroh saking kisahipun kluarga Nabi Ibrahim 'Alaihissalam. Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim
‘Alaihis salam, kados ingkang kasebat ing Al-Qur’an, punika mboten namung
sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados tulada tumrap kita
sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoben dening Allah, supados
nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail 'Alaihis salam, dawuh
kasebat katampi kanti sabar lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas
murih karidlan saking ngarsa dalem Allah.
Ma’asyiral
Muslimin wal Muslimat rahimakumullah.
Mangga sak wetawis kita gatosaken menggah ingkang putra, pun Nabi Ismail ‘Alaihis salam, Panjenenganipun ngrupekaken patuladan ingkang kedah dipun damel kiblat dening para putra remaja lan pemuda. Panjenenganipun satunggaling putra ingkang sholih lan bektos dateng tiyang sepuh. Kanti sabar lan ridha nampi qadha ipun Allah, sahingga ikhlas lila legawa berqurban nyembadani dawuhipun ingkang rama, sinaosa kedah nyawa ingkang namung setunggal setunggalipun ingkang kedah dipun qurbanaken. Nabi Ismail tanpa suwala, kanti tawakkal lan tatag manahipun matur dateng ingkang rama:
Mangga sak wetawis kita gatosaken menggah ingkang putra, pun Nabi Ismail ‘Alaihis salam, Panjenenganipun ngrupekaken patuladan ingkang kedah dipun damel kiblat dening para putra remaja lan pemuda. Panjenenganipun satunggaling putra ingkang sholih lan bektos dateng tiyang sepuh. Kanti sabar lan ridha nampi qadha ipun Allah, sahingga ikhlas lila legawa berqurban nyembadani dawuhipun ingkang rama, sinaosa kedah nyawa ingkang namung setunggal setunggalipun ingkang kedah dipun qurbanaken. Nabi Ismail tanpa suwala, kanti tawakkal lan tatag manahipun matur dateng ingkang rama:
قَالَ
يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللهُ مِنْ الصَّابِرِينَ
“Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula
aturi enggal nindakaken menapa ingkang kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah
Rama bade manggihaken kawula kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami
sabar” (Ash Shaffat 102)
Inggih wujudipun putra ingkang setya tuhu
mbangun miturut dateng tiyang sepuh, ikhlas lan ridla labuh labet dateng agami,
nadyan kedah ngorbanaken jiwa. Ngaten punika, ingkang kawastanan putra ingkang
sholih, ingkang dados kekudanganipun saben saben tiyang sepuh. Putra ingkang
mekaten kedah kadamel tulada tumrap para putra remaja lan pemuda, minangka
putra lan generasi ingkang sholih lan sholihat.
Ma’asyiral
Muslimin wal Muslimat rahimakumullah.
Mbok bilih inggih
namung kanti pangorbanan ingkang ageng, kabegjaning gesang punika bade
saget dipun gayuh, kasebat ing setunggaling pangandikan ingkang mengku
hikmah:
لَنْ تنُاَلَ الْعِزَّةُ إِلاَّ بِمُرُوْرِ
الْبَلِيَّةِ
“ora bakal kagayuh kamulyan, kejaba kanti ngliwati
sengsaraning pangurbanan”.
Ananging
pangorbanan punika kedah kanti linandesan keyakinan iman lan
i’tikad ingkang kiyat, jalaran pangorbanan ingkang tanpa kadasaraken
dateng keimanan tentu namung bade siya-siya, muspra tanpa tanja. Allah
sampun paring dawuh:
وَمَا أَمْوَالُكُمْ وَلا أَوْلادُكُمْ
بِالَّتِي تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفَى إِلاَّ مَنْ آمَنَ وَعَمِلَ صَالِحاً
فَأُوْلَئِكَ لَهُمْ جَزَاءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوا وَهُمْ فِي الْغُرُفَاتِ
آمِنُونَ
“Dudu banda-banda
lan anak-anak ira kabeh kang bisa nyaket ake sira marang Ingsun senajan sithik
wae, kejaba wong kang iman lan ngamal sholih, iya wong-wong kang
kaya mengkono iku kang bakal merkoleh piwale tikel-matikel, sebab olehe pada
ngamal wong-wong mahu, lan wong-wong mahu bakal sentosa ing panggonan kang
luhur” (As Saba’ 37).
اللهُ اَكْبَرْ... اللهُ اَكْبَرْ اللهُ...
اَكْبَرْ و لله الحمد
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat kawulanipun Allah.
Panjenenganipun Nabi Ibrahim minangka jejering tiyang sepuh, ingkang wicaksana lan wibawa, ugi ta’at lan patuh, kanti ikhlas lan ridha mundi dawuhipun Allah, sinaosa kedah ngorbanaken putranipun. Nabi Ibrahim setya dateng garwa, lan tresna dateng putra, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobenipun Allah.
Panjenenganipun Nabi Ibrahim minangka jejering tiyang sepuh, ingkang wicaksana lan wibawa, ugi ta’at lan patuh, kanti ikhlas lan ridha mundi dawuhipun Allah, sinaosa kedah ngorbanaken putranipun. Nabi Ibrahim setya dateng garwa, lan tresna dateng putra, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobenipun Allah.
Ismail minangka
putra ingkang sholih, tha’at ngestokaken dawuhipun Allah Pangeranipun,
bektos lan mbangun miturut dateng tiyang sepuh. Lajeng wonten pitakenan punopo
rahasia kesuksesan Nabi Ibrahim ingkang saget ndidik Putranipun Ismail
ingkang setio tuhu?. Menawi kito maos Al-Qur’an kito bade manggihi kunci
suksesipun:
1. Dungo
ingkang tansah dipun panjataken Nabi Ibrahim
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ
Duh Gusti Allah, karuniaken
dumateng kulo keturunan ingkang shalih.
Dunga kolo wau dipun panjataken Nabi
Ibrahim tebeh sak derengipun nikah. Nabi Ibrahim nyuwun dumateng Allah Anak
ingkang shalih, mboten nyuwun anak ingkang sugih, berjabat, cendikiawan
ananging nyuwun anak ingkang shalih. Sahingga dumateng para para sederek kita
ingkang cerak dating usia pernikahan monggo nyuwun dumateng Alloh kados doa
nipun nabi Ibrahim kolo wau, lajeng dumateng pasangan suami istri ingkang
istrinipun nembe anggarbeni utawi mbobot, katah-katahaken nyuwun dateng Allah
anak ingkang Shalih. Dunga anak shalih
puniko nggadahi manfaat engkang ageng kagem tiang sepuhipun benjang ing alam
kubur.
2. Kepedulian Nabi Ibrahim dateng pendidikan putra-putranipun
Wonten al-Quran dipun cariosaken bilih Nabi Ibrahim paring wasiat dumateng
putranipun: "Hai Ngger anak lanang ingsun! Yekti Allah wes milih agama
iki kanggo siro kabeh, mongko ojo ngasi siro mati kejobo ono ing dalem agama
Islam.
Ayat-ayat kolo wau paring bukti bilih
prihatosipun Nabi Ibrahim dumateng pendidikan putro-putronipun, mboten lilo
menawi putranipun bodho utawi wonten jalur pendidikan ingkang klintu. Kedah dipun mangertosi bilih pendidikan ingkang sepindah lan utami inggih
puniko pendidikan Agami, lajeng pendidikan pendukungipun inggih puniko
pendidikan umum.
Kaum muslimin
ingkang minulyo.
Menawi kita sedaya, Bapak, Ibu lan putra
saget ngalap piwucal lan tuladha dateng keluarga Nabi Ibrahim punika, Insya
Allah kita sedaya, ugi badhe kaparingan rahmat lan maghfirah saking
ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Mugi-mugi Allah
tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken keluarga ingkang
sakinah, manggih kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin.
أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ
الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ
الْكَوْثَرَ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ
الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.
وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْا
اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah
ke-2
اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ
. اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ
اللهُ اَكْبَرْ . اللهُ اَكْبَرْ كبيرا
وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً . لاَ اِلَهَ اِلاَّ
اللهُ وَاللهُ وَ اللهُ اَكْبَرْ . اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ
الحمد لله حمدا كما امر. اشهد ان لا اله ا
لاّ الله وحده لا شر يك له . واشهد انّ سيّدنا محمّدا عبده ورسوله .
اللّهمّ صلّ وسلّــم على سـيّدنا محمّد . وعلى ال سيّدنا محمّد (امّا بعـــد)
ا يّهاالنّاس, اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ . فقال الله تعالى, انّ الله وملا ئكته يصلّون على النّبيّ ياا
يّهاالذين امنوا صلّوا عليه وسلّم تسليما. اَللَّهُمَّ صَلِّ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ . وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا
اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ .
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَالْمُؤْمِنَاتِ . وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ .
اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ
وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ
اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ
اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ
الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ
وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ
عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ
عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا غْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا
وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ . رَبَّنَا آتِنَا
فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً . وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار .
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا
بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ . وَاذْكُرُوااللهَ
اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ . وَلَذِكْرُ
اللهِ اَكْبَر
وَ السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
No comments:
Post a Comment